[Padang bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe] 2X
Ngelengake, ojo turu sore.
[Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore] 2X
[Iki dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan
[Insya Alloh, kito menang lan kabegjan] 2X
[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine] 2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran
[Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X
wong tua loro ing jero kubur anyandang susah
sebab mirsani putro - putrine ora ngibadah
wong tua loro ing jero kubur anyandang susah
sebab mirsani putro - putrine dho pecah belah
kang den arep arep yaiku turune rahmat
{ ora di sangka jebul kang teko nambahi fitnah } 2x
( jaman kepungkur ono jaman jaman buntutan
isok isok rame rame luru ramalan ) 2x
gambar kucing di kiro gambar macan
( bengi d puter 2x metu wong edan ) 2x
( kurang puas 2x luru ramalan
wong ora waras 2x dadi takonan ) 2x
kang di takoni ngguyu cekakaan
( jebul kang takon 2x wis ketularan ) 2x
( Dinane itsnain kuwi dino ingkang berkah
Wulane maulid , ing Tahun gajah ) 2x
ngelengake , wiose Nabi kita
[ Nabi Muhammad , iku kekasih Alloh ] 2x
Nb : lagu padang bulan ini semua karya Habib Lutfi , namun ada sebagian lirik bukan dari karya Habib Lutfi,