Yaa robbana ya robbana ighfiirlana 2x
Wawalidina wal masyayikh ajma’in 2x
Dhuh pengeran kulo nyuwun 
pangapuro
Kanggo tiyang sepah soho guru kulo
Ugi kanggo kulo lan musliem sedoyo
Ing Mekkah Madina lan sak alam dunyo
Dhuh pengeran kulo nyuwun kesaenan 
Kangge poro putro lan putri harapan 
Ugi saged nerusaken perjuangan 
Jagi islam lan aqidah keimanan
Dhuh pengeran kulo nyuwun kawelasan
Kangge poro guru kang paring tuntunan
Tuntunan agami soho sesrawungan 
Ingkang manfaati ing gesang bebrayan
Kuburipun guru soho
tiyang sepah
Mugi dados taman
surgo ingkang indah
Mugi tangi kubur
mboten nampi susah 
Dados tiyang ingkang
pikantuk bebungah 
Timbangan amale abot
kesahenan 
Ing jembatan sirodj
mlampah kanti aman
Saking telogo Nabi
pikantuk siraman 
Ingkang ngelebur
sedayaning kaluputan 
Mugi gusti Allah ngumpulake kito
Ugi tiyang sepah lan guru sedoyo 
Sareng Nabi lan wong kang sholeh ing
surgo
Mugi Allah mboten nolak dungo kito
Mugio kito sedoyo khusnul khotimah
Ing akhire mongso nalikane pejah
Sholawat lan salam selawase mongso
Mugi katur ing Nabi kang nulung kito