Habib Lutfi bin Ali bin Hasyim bin Yahya Syi'ir Padang Bulan
 
اللّهُمَّ صَلِّ  وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي  عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ
[Allohumma Sholli  wa Sallim 'alaa sayyidinaa wa maulanaa Muhammadin] 2X
['Adada maa  fii 'ilmillahi Sholatan daaimatan bidawaami mulkillaahi] 2X
[Padang  bulan, padange koyo rino.
Rembulane sing ngawe-awe] 2X
Ngelengake,  ojo turu sore.
[Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore] 2X
[Iki  dino, ojo lali lungo ngaji
Takon marang, Kyai Guru kang pinuji] 2X
Enggal  siro, ora gampang kebujuk syetan
[Insya Alloh, kito menang lan  kabegjan] 2X
[Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine
Ngalamat  bakal, Ngalamat bakal getun mburine] 2X
Wong tuwo loro, kundur ing  ngarso pengeran
[Anak putune, rame rame rebutan warisan] 2X
 
wong tua loro ing jero kubur anyandang susah 
sebab mirsani putro - putrine ora ngibadah 
wong tua loro ing jero kubur anyandang susah 
sebab mirsani putro - putrine dho pecah belah
kang den arep arep yaiku turune rahmat
{ ora di sangka jebul kang teko nambahi fitnah } 2x
 
( jaman kepungkur ono jaman jaman buntutan
isok isok rame rame luru ramalan  ) 2x
gambar kucing di kiro gambar macan 
( bengi d puter 2x metu wong edan )  2x
( kurang puas 2x luru ramalan 
wong ora waras 2x dadi takonan ) 2x
kang di takoni ngguyu cekakaan
( jebul kang takon 2x wis ketularan ) 2x 
 
( Dinane itsnain kuwi dino ingkang berkah 
Wulane maulid , ing Tahun gajah ) 2x
ngelengake , wiose Nabi kita 
[ Nabi Muhammad , iku kekasih Alloh ] 2x 
Nb : lagu padang bulan ini semua karya Habib Lutfi , namun ada sebagian lirik bukan dari karya Habib Lutfi,
 
 
 
          
      
 
  
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar