Selasa, 13 Maret 2018

Lirik Keroncong Klaten Bersinar

Indah Mekar tur tinoto
Pembangunan sak indenging kutho
Subur makmur rakyate
Para Tani do garap sawahe.
 

Klaten bersinar arane
rino wengi tansah nyenengake
Siaran radio RSPD
Gawe trenyuh sing podo mirengke.


Reff : menyang Bayat sing kondang grabahe
Pedan sing kondang lurike.
Pabrik gula kulon Klaten Gondang dadi panggonane.


Ki Ageng Gribig pepundene
sasi safar do nyebar apeme.
Bupati lan camate
sayuk rukun mring kabeh rakyate.

Jumat, 09 Maret 2018

Syi'ir Eling Pati

Allahumma Sholli Wa Sallim ‘Alaa
Sayyidinaa Wa Maulaa Naa Muhammadin
‘Adadamaa Fi ‘Ilmilaahi Sholatan
Daa Imatan Bidawaa Mi Mulkilaahi

Urip Donya Iku .. Piro Lawase
Paribasan Wong Lungan Mung Mampir Ngombe
Umat Kabeh Bakal Pindah Panggonane
Ing Akhirat Iku Papan Sejatine

Yen Ing Dunya Iki .. Tanpo Ibadah
Neng Akhirat Besuke Bakal Susah
Dho Elingo Siksane Kang Maha Murah
Nang Neraka Panase Mecahke Sirah

Yen Ing Dunya Iki.. Sregep Ibadah
Mesti Wae Besuke Amale Tambah
Nompo Ganjaran Ngarsane Kang Maha Murah
Mlebu Ing Suwargo Njur Ngucap Alhamdulillah.